Laman

Minggu, 26 Februari 2017

Rekoso wong wedok ing zaman saiki



Wong lanang mestine pirso,biasane sing gelem tandur pari iku sopo... yo emak2.
Sampeyan deLoen wong wedok iku 
-mlaku sikil seat seot moro sawah jarake telungkilo
-pepe berarti nemkilo,bali awan ados njur sholat 
-bar shalat awan balik meneh seat seot mlaku sikil,pingno dewe jarake yi.
-sawang raine mrUntus gobyos,awake jebrot lumpur
-ngonoiku mergawe sedino dibayar mung limolasewu.
-tekan omah yo isih mentolo ngguyu ngudang anak karo bojone.

Bedo maneh emak-emak kerjo mbantu ngurusi omahe wong.
Umbah2 karo Nggosok sandangane wong sak omah,nyapu,ngepel,ngumbah piring,nak ora resik di omel majikane. Sikile kanyeben,
Mulih ngawasi omahe dewe koyo kapal pecah yo langsung nyandak prenggawean,anake mewek njalok ados, njalok di turokno,bojone njalok di tukokno rokok,di godokno wedang,mentolo mennn,ngonoiku yo njaluk di keloni barang.

Ono maneh emak-emak kerjo ning pabrik,yo podo wae,ora bedo wong podo mergawene.
Lungo wedake kandele setengah senti,metu ko pabrik luntur kabeh,ambune runtus tok kerono kesel,wayae wong turu kono malah nyekel prenggawean shift bengi melek sampek esok,mlebu sore muleh tengah wengi.
Ngono iku esok2 nyekel peso ngoceki brambang ngiris lombok matane perih mikirno gawek sarapane bocah2.

Duh... gusti. 
Wong lanang sing ngerasakno mesakke si mbok ora iso menehi luwih,opo maneh tuntutan urip ora seimbang,pabrik butuhe ora wong lanang,sampek guru sekolah islam wae kakeyan wong wedok.
Wong lanang dodolan mergo ora di butuhke pabrik sing rikatan yo simboke ngrewangi bapake.

Nak wis ngeneiki kenyataane,aku njaluk marang gusti Allah,mugi dipun paringi welas asih lan surga kangge poro siMbok.